Oleh Arbai Kediri
Jam 4 sore.
Jam 4 sore.
Yu Gemi lagi heboh ana ing pawon. Ngliwet sega lan ngela
tewel kanggo buka pasa. Lawuhe cukup tempe penyet, sambel tomat. Ora ana
liyane. Senajan mengkono yen urusan buka, panganan apa wae ora bakal ditolak
lambe.
“Buk’e ... “, Pendik metu saka kamar, mripate prejeh-prejeh.
“Lapa, wis ndang raup dhewe. Iki buk’e isih repot nyacah
tewel”.
“Buk’e ... tukokke mercon ya ..!”. Pendik ora marani
jedhing, malah lungguh nyang amben cedhak luwengan.
Ibuke ora mangsuli.
“Buk’e ... mercon ya ...!”
“Ya... sesuk taktukokke”, Kang Punjul sing nyauri. Tangane
isih tak-tok tak-tok nyekel palu nuthuke paku. Rong minggu engkas riyaya. Kursi
sing wis eyak-eyok kudu dibenakke, kanggo nyambut tamu.
“Dhuwite nggo tuku klambi wae le !”, Yu Gemi isih repot karo
tewele.
“Tuku mercone nggo dhuwitku dhewe kok, aku duwe limang ewu”.
Pasa-pasa ngene iki bocah-bocah cilik senengane padha
merconan. Nanging nganti pasa oleh setengah wulan Pendik durung nyumet mercon
babar pisan.
“Limang ewu ki ra cukup le, regane paling ora seket ewu. Hla
dhuwit semono cukup nggo tuku sarung lan celanamu”. Yu Gemi duwe sipat gemi.
Cocok karo jenenge. Gemi. Gemi, apa medhit, ora pathi cetha. Hehe...
Cukup olehe nyacah tewel, Yu Gemi ganti nyandhak parut klapa
nggawe santen.
“Sesuk tenan ya Pak ?!”
“Ya... anggere kowe ora rewel”.
“Asikkk... sesuk tuku mercon...!”.
Pendik bungah, bapake gelem nurute kepenginane.
“Jan-jane sing karep nyumet mercon ki anakke apa gerangane ta
ya ?”, Yu Gemi ngudumel rumangsa kalah.
Tangane Yu Gemi meres klapa, gawe santen kanggo kelan tewel
lan gawe kolak tape. Urip ing ndesa kui memang enak. Ora enak kepriye wong
pengin lalapan godhong tela yo teka ramban nyang mburi omah. Karep gawe tape
goreng yo nggawe tape dhewe, ndhudhuk tela njur dirageni dhewe. Kepengin ngolak
gedhang, teka ngundhuh gedhang dhewe. Pokoke sarwa gratis. Praktis lan
ekonomis.
Mangkane Kang Punjul lan Yu Gemi kerasan banget urip ana
ndesa.
Sesuke awan, Kang Punjul ora lali karo janjine arep nukokke
mercon anake lanang.
Sakwuse bali soko ladhang, Kang Punjul gage-gage adus lan
ganti nganggo klambi sing resik. Pendik sing ngenteni tekane bapakke wis dandan
awit bedhuk.
“Wis buka pa ?”. Kang Punjul mriksa dompete, njur nyandhak
Supra Pit-e.
“Wis Pak, tapi sak ithik”.
Pendik tahun iki durung genep sanga tahun. Lagi belajaran
pasa. Pasa mbedhug. Anggere jam 12 dheng Yu Gemi nyiapke buka. Sak wuse mangan
buka Pendik kemu njur ngelapi lambene, nutukke pasa nganti maghrib.
“Nyangapa kok saithik?”.
“Selak pengin tuku mercon”.
“Whalah... tapi mengko nyang pasar aja njaluk apa-apa ya.
Dhuwite bapak cumpen. Pengin tuku udut wae diempet!”.
Ya jelas je, masak pasa-pasa arep ngudut.
“Beres bos...!”.
Kang Punjul nguripke mesine Supra Pit. Pendik nyengklak ana ing mburi.
Tujuane mung siji, tuku mercon menyang pasar Pare. Sakjane yen mung tuku mercon
ora kudu menyang pasar Pare. Ana ing kiwa tengen dalan raya akeh sing padha dodolan
mercon. Ning wae yen ing pasar Pare bakule luwih akeh, pilihane ya tansaya
akeh. Golek mercon sing model apa wae ana. Tergantung selera lan isi dompet.
Jam 4 sore Kang Punjul lan Pendik wis tekan omah maneh.
Pendik bungah banget, wis keturutan kepinginane. Tangan tengene nyangking tas
kresek ireng sing isine mercon banting rong adah, mercon impling petang adah,
mercon ses dor selusin lan mercon kembang api siji isi satus. Kabeh mbejaji
wolung puluh ewu.
“Buk’e .. !”, Pendik mencolot medhun saka sepeda motor.
“Piye le, oleh mercone ?”, Yu Gemi lagi kelan trancam timun
– kacang ing pawon.
“Iya buk’e .. pasare reja banget. Nganti bingung olehe milih
mercon”.
“Hla yen bingung milih, mbok ya dituku kabeh !”, Yu Gemi
malah nglulu anake.
“Dhuwite bapak saithik. Yen nggo tuku mercon kabeh, mengka
ra isa tuku udut”, Pendik nerokake alasane bapakke.
“Jane ya rapapa dhuwite di nggo tuku mercon kabeh. Mengko
sebagian mercone ben diudut bapakmu ... “.
Durung rampung Yu Gemi ngomong, Kang Punjul mbedunduk ana
lawang pawon.
“Apa ? seneng iye yen bojone ra nduwe lambe ?”, Kang Punjul
protes.
“Ya ra ngunu kang. Cuman sebel wae nyawang wong lanang sing
kedhal-kedhul kaya sepur”.
Kang Punjul mlebu kamar. Ora kepingin neruske debat kusire
karo Yu Gemi. Yen urusan udut, Kang Punjul ora bakal menang nglawan Yu Gemi.
Senajan mengkono Kang Punjul tetep ora bisa uwal sangka udut. Bener-bener ahli
hisap !
Tangane Yu Gemi isih ngrajang timun. Pendik nyedhek. Karepe
nduduhke barang tukone. Yu Gemi nyawang sedhela njur neruske metiki lombok.
“Buk’e... kapan kelan ayam bakar ?”.
“Ora ana ayam bakar. Dhuwite wis entek nggo tuku mercon”, Yu
Gemi nggodha anake.
“Sesuk ya ?”, Pendik ngeyel.
“Ya... anggere merconmu oleh diijolke nggo tuku ayam”.
“Ya eman-eman ... ya wis ra mangan ayam bakar ra po-po”,
Pendik ngedoh mlebu kamar saperlu nyinggahke mercone.
Yen perkara kelan ayam bakar wae sabenere kanggone Yu Gemi
ya isa-isa wae. Seminggu pisan sajerone wulan pasa ora bakal kabotan. Amarga
ingon-ingone pitik Kang Punjul ya ora saitik. Babone wae ana pitu, jagone siji,
darane sejinah. Tapi yo kuwi, dudu Yu Gemi yen ora gemi. Dudu Yu Gemi yen ora
medhit haha...
Yu Gemi lagi wae ngrampungke marut klapa. Cikalane diuncalke
nyang cedhake kucing sing awit mau nunggoki, ngenteni sisane parutan. Gage-gage
wae cikalane ditangkap, njur dilebokke cangkem.
“Buk’e njajal nyumet siji yo ... “, Pendik mara maneh.
“Mengko bengi wae le, apik”.
“Siji wae... sing ses dor”.
“Sakarepmu wis, pokokke ojo cedhak-cedhak ibuk’e. Isa kaget
mengko”, Yu Gemi nyerah. Arep piye maneh, dipenggako mengko malah dadi rewel.
“Kene tak duduhi carane nyumet”, Kang Punjul turun tangan.
Kang Punjul karo anake lanang metu nyang latar ngarep.
Mercon disunduk karo guthik pring, njur diencepne nyang
lemah ngarah nyang ndhuwur. Yen wis siap lagi disumet karo korek bakar.
Pendik nyumpeti kupinge.
Sususususssss..... wiiiinggggg............. dhuooorrrr..... !
Kang Punjul sukses menehi conto. Pendik jingkrak-jingkrak
kesenengen.
“Nyumet mercon kok ndadak nyumpet kuping. Njur apa gunane?”,
Kang Punjul ngguyoni Pendik.
“Ganti aku pak !”.
“Ya... sing ati-ati ya... carane kaya bapak mau”.
Pendik njipuk guthik pring, dipasangke nyang mercon. Ora
angel anggere ngerti carane. Kaya sing diwarahke bapake, guthik diencepke nyang
lemah ngadep mendhuwur.
“Disumet Pak ?”,
Pendik njaluk persetujuan bapake.
“Ya...!”, Kang Punjul ngelungke korek api.
Karo semu-semu wedi Pendik ngekakke korek.
Jress... Sumbu mercon dibakar.
Suussusususss....
Sumbu mercon mulai kobong.
Ups ! guthike mentelung. Sajake Pendik olehe ngencepke
kurang rosa. Ning yo wis kadhung. Mercone wis ora kena dipenggak mbledhos.
Susususss..... wiiiiiingggg.....
Wadhuh cilaka !
Mercone mlayu mlebu lawang pawon.
Kang Punjul meneng kami tenggengen. Pendik plonga-plongo.
Dhuoooorrrrrrr.......! !
Ngeeeooong.. gubrak... klontang .... !
..... ..... ..... ?!?!
“Pendiiiiiiikkkkkk !”.
Pendik mengkeret krungu suarane ibuke saka arah pawon.
Kang Punjul gage-gage mlayu menyang pawon. Olehe mlebu ora
kira-kira. Ana ngarep lawang meh wae tabrakan karo kucing sing mlayu pungkang
langkang.
“Piye buk ?”.
Yu Gemi sing lagi lungguh ndhoprok ing ngarep luweng ora mangsuli.
Rambute awut-awutan.
Kang Punjul ora perlu wangsulan.
Mangkok isi trancam timun kuwalik, numplek. Isine kutah. Peyek urang dawu sing lagi wae rampung digoreng riyek
sumebyar ing jogan.
Sendok lan suthil uga mencelat menyang ngisor paga.
Mercone pertama Pendik wis menelan korban Cerita yang lain klik di sini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar